Saturday, April 4, 2020

boso jowo corona

BOSO JOWO BEN DO PAHAM

1. ODP (Orang Dalam Pemantauan) = Durung loro tapi bar plesiran, tamasya ning wilayah wong sing keno Corona.

2. PDP = (Pasien Dalam Pengawasan) = Lagi pilek, kadang batuk yo mriang mulane di pantau.

3. Suspect = Lorone wis rodo parah sitik, pilek, watuk, napase sesek, awakke panas gembreges rasane.

4. Positif = nah sing iki wis di tes karo dokter, wis beneran loro tenan.

5. Lockdown = ora entuk mlebu metu ning negoro/wilayah/daerah liyane.

6. Social Distancing = ojo kluyuran ning mall, pasar yen ra perlu banget, ora usah ngumpul², tenguk² ning omah wae.

7. Isolasi = sing loro di obatke di kurung ben ra nulari wong liyo.

8. Karantina nggo sing sehat =  wis pokoke anteng ning omah wae ora usah kluyuran.

9. Work From Home (WFH) = kerjane Ning omah ojo mangkat kantor, sing ora metu ora entuk duit sabar sik yo, mugo² ono sing kelingan karo awake dewe sing susah.

10. Imported Case = ketularannya goro² bar jalan² ning luar negri / daerah, pokoke ning panggonan sing ono wong lorone.

11. Local Transmission = ketularan karo tonggo dewe, iso sak RT po sak RW.

12. Epidemi = Penyakite nyebare cepet lan gampang nular.

13. Pandemi = Penyakitnya wis kelas dunia, sing loro ora mung wong Indonesia tok tapi orang luar negri ugo keno.

TETEP WASPODO OJO PANIK, MUGO MUGO SELAMET SEKABEHANE. AAMIIN AAMIIN AAMIIN YRA 🤲🤲🤲

No comments:

Post a Comment

Hasil Penelitian Kepemimpinan Gereja

10 Dimensi Kualitas Kepemimpinan yang Berdasarkan Relasi BRC melakukan survei terhadap 1.053 pimpinan gereja di Indonesia, dan berikut adala...